Selamat Datang dan Selamat Berkunjung di BLOG PURBAMAS ini, Semoga Anda bisa terpuaskan berjalan-jalan mengunjungi BLOG kami

Selasa, 30 Desember 2014

Aji Jaran Goyang


Saking kebelete banget duwe bojo, Bodong meh aben dina montokna rama biyunge kon nggoletna bocah wadon sing kena nggo brayan urip selawase. Kejaba umure pancen wis cukup nggo rumah tangga, dheweke jane kesirihan kancane, sing wis padha duwe anak. Mulane kupinge rama biyunge ngosi ruwing angger ngrungokna jalukane Bodong sing ora mandheg-mandheg.

    "Arep umah-umah tuli kudu pakhal disit, soale egin nganggur, mengkone sing wadon arep dempani apa ?" semaure maring Bodong sing ngudreg terus saben weruh biyunge lagi juguran.
    "Wong jodhon jere ana rejekine dhewek-dhewek yung, dadi ora perlu kewatir mbok ora mangan," semaure mbantah pinemune biyunge. Ning biyunge ora kurang akal nggo maraih anake " Ko bener Dong, enggane kaya kuwe, sawise ningkahan apa seneng dadi tanggungane mertua? Tenggun angger wis duwe pakhalan tuli bisa aweh nafkah maring bojone."
    "Padhane arep ngarah bojo baen koh kon nunggu olih pakhalan disit, mesthine inyong ora sabar mbok keburu dadi bujang kawak. Apa rika ora isin duwe anak lanang ngosi lumuten?"
    "Se....se.. ya ora kaya kuwe, bocah lanang tuli ibarate dagangan wesi, ora payu paling tainen. Kosok baline bocah wadon ibarate dagangan lombok, ora payu mesthi bosok. Wong mbako kawak baen larang regane, koh."
    "Karuan angger mbako kawak pancen enak rasane mulane larang regane tininmbang mbako anyar. Ningen angger bujang kawak?"
     Biyunge dadi gemuyu lan sajrone ngguyu dheweke semaur "Angger bujang kawak lha kothot-kothot, tur wuled."
    "Dhonge inyong tah aja depadhakna ngambi mbako, laranga kaya ngapa enggane mbako kawak biasane mangkel tur muyengi. Angger inyong tuli ora muyengi, mbokan?"
    "Ora muyengi kur gawe mumet thok. Pakhal baen urung, wis kon degoletna bojo!" biyunge nggrundheng ora setuju angger anak lanange gugup ngarah bojo. Sepisan pancen urung dhuwe pilihan bocah wadon sing cocog dejodhokna ngambi anake, pindhone kewatir mbok mengkone Bodong dadi repote mertua. Jaragan bocah urung duwe kasil. Ningen Bodong ijig-ijig nylemod "Kiye yung, rika ora perlu repot-repot, inyong jane lagi seneng maring Kartem, anake Pak Kriya bakul ember. Apa sekirane rika setuju?"
     "Bocaeh seneng maring ko apa ora? Angger pancen dheweke seneng, inyong si manut-manut baen. Mengko lha angger padha dene cocog, inyong ngambi ramamu mung gari gotek."
    "Embuh" Bodong gedheg. "Inyong tah wis klakon weruh bocaeh, ning urung kenal. Mulane pirang-pirang dina kiye inyong kepengin njajal ngenalaken disit. Mbok jare sapa witing trisna jalaran sekang kilina."
    Esuke Bodong nekad reka-reka merdhayoh maring umaeh Kartem. Bosa nembe baen "kula nuwun", ijig-ijig logog setemoni nang Pak Kriya, sing brengose ngembapang kaya sapu duk. Dadakan githoke Bodong mengkirig, cangkeme blangkemen kaya wong dewedeni gendurwo.
    "Nyuwun pangapunten pak, napa Kartem wonten?" pitakone ngambi egin ngadeg nang njaba lawang ngarep.   Ora kon njagong acan. Gole ngomong mandan ndledheg, nalika weruh raine Pak Kriya sing katon sangar. "Oran nana!" semaure cekak, aos tur kaku, matane mentheleng ngepanaken Bodong sing urung dekenal. Ndeleng srengate ramane Kartem, Bodong langsung pamitan. Sedalan-dalan nggresulah "Ramane Kartem cempulek serem kaya barong sae. Ning ora dadi ngapa, sing penting anake ngemben dadi bojoku, embuh keprimen carane!"
    Nalika dolan ngambi kancane Bodong rasan,  yen lamona lagi nyenengi anake bakul ember sing arane Kartem. Ning wedi maring ramane.  Kancane nyadoni  ngambi krisik-krisik "Angger cara inyong tah tek dhukunaken baen, mengkone tuli Kartem mesthi ngoyok-oyok ko. Malah ora kur Kartem thok, wong akeh uga melu ngoyok-oyok. Jajal baen si angger ora ngandel!"
    "Ngendi si sing ana dukun bisa melet wong?" Bodong kepengin banget ngerti.
    "Wis lah pokoke beres!"
     Kancane anjutan nidhokna umaeh dhukun sing bisa gawe guna-guna, uga uba rampe sing debutuhaken. Bodong langsung mangkat Satekane nggone kaki dhukun dejanjeni agep deguna-guna nganggo aji jaran goyang sangkane Kartem kesengsem maring Bodong. Pokoke angger ora kena derayu awan, ya mbengi. "Pitados mawon, soale kathah ingkang neda tulung teng kula, sami kesembadan" nggedebuse kaki dhukun maring Bodong kon atine krasa mantep. Anjut bathuke desembur ping telu "prot...prot...prooooooooooooottt."
    Kebeneran, sorene Bodong ketemu Kartem lagi blanja nang toko. Saking percayane, nalika kuwe langsung ngomong "Ai lap yu, Tem." Kartem anjut nylingak ngambi mrengut, kosok baline Bodong malah nyengir kudha, anjutan takon "Mba gole blanja koh rowa temen, apa inyong olih mbantu nggawakna?"
    "Ora susah nggangguh wong lagi blanja! Ambek-ambekane inyong seneng maring ngkono apa?" semaure dhoso ngambi mlerok. Desengap kaya kuwe, Bodong dadi climusan anjut ngliyus embuh maring ngendi lungane. Sajron batin yakin omonge kaki dhukun, angger ora kena derayu ngawan, ya mbengine.
    Wiwit kuwe Kartem tansah kemanthil-kanthil nang pikirane Bodong. Ngosi mangan ora enak, turu ora kepenak, kur katonen Kartem thok sing moblong tur bokonge setampir. Ndaning ora srantane, wengi kuwe dheweke nekad maring nggone umaeh Pak Kriya. Omongane kancane, kamare Kartem nang ngarep sisih tengen. Mulanesatekane nang umaeh Pak Kriya, tanpa pikir dawa dheweke ndhongkel jendhela kamar kuwe, terus mlebu. Njerone peteng lan ana wong turu ngorok nang amben.
    Bodong anjut nggramaki sikile ngambi gugah-gugah, swarane lirih "Tem... tem... tangi, kiye inyong Bodong sing teka." Sing lagi turu tetep ngorok sengguran. Bosa desered kemule, ijig-ijig wong kuwe kaget tangi terus giak "Maling.......maling......maliiiiiing!" Saking marase, Bodong gegen mlumpat jendhela metu terus mlayu kedhagar-dhagar nang petengan ngambi batine ngajog "Ujarke Kartem sing lagi turu, cempulek ramane."
     Krungu ana giak maling, wong seRT metu kabeh. Ana sing ngroyok Bodong ana uga wong sing kur layad thok. Kewilang sing deoyok mlayune lewih banter, dadi ora ngosi ketangkep nang wong akeh. Dheweke anjut umpetan nang kuburan, ambekane ngos-ngosan. Mbatine getun "sing ngorok nang kamar ngarep enggane ramane. Ganengan si ganengan, lagi tek gragapi sikile pating brenjul."

Cerita Cekak kiye karangane : Tri Atmo (Penulis sing Andal sekang Purbalingga)
sumbere sekang Buku terbitane Purbadi Publishing

Minggu, 28 Desember 2014

Undur-Undur Berkhasiat untuk Menurunkan Gula Darah 


Tahukah Anda ?
Undur-undur adalah binatang kecil yang menjijikan. Tapi siapa sangka kalau undur-undur berkhasiat sebagai obat alternatif ?. Nah mari kita mencoba untuk memahami bersama-sama tentang keberadaan binatang kecil yang satu ini.

Sabtu, 27 Desember 2014

JEMBATAN LINGGAMAS MEMPERPENDEK JARAK TEMPUH PURBALINGGA KE BANYUMAS

BELUM DIKERJAKAN: Proyek pembangunan tahap III jembatan Linggamas dari sisi Purbalingga belum mulai dikerjakan. (suaramerdeka.com/Ryan Rachman)

JEMBATAN LINGGAMAS: Jembatan ini dibangun guna kelancaran transportasi dan memperpendek jarak tempuh antara Kab. Purbalingga dengan Kab. Banyumas
PURBAMAS- Sungguh suatu yang sangat membanggakan bagi warga di 2 wilayah Kabupaten di Jawa Tengah. Terutama bagi Wilayah Kabupaten Purbalingga dan Kabupaten Banyumas dengan dibangunnya Jembatan yang menghubungkan ke dua wilayah tersebut. Jembatan ini dibangun di Desa Kedungbenda Kecamatan Kemangkon Kab. Purbalingga (Bagian Timur) dan Desa Petir Kecamatan Kalibagor Kabupaten Banyumas (Bagian Barat). 
Sesuai Wacana kedepan nantinya Jembatan ini akan di lalui trayek angkutan umum perbatasan Purbalingga-Banyumas. Hal ini pernah disampaikan oleh Kepala Bidang Lalu Lintas dan Angkutan Jalan Raya (LLAJR) Dinhubkominfo Kab. Banyumas Agus Sriyono. Dinhubkominfo Banyumas telah berkoordinasi dengan Dinhubkominfo Purbalingga terkait dengan rencana pembukaan trayek di perbatasan itu. Hal itu bisa terealisasi setelah Jembatan Purbalinga dan Jalan akses selesai, termasuk bila Jalan Lingkar Selatan Sokaraja telah dilebarkan katanya.
“Bila semua itu sudah selesai, akan di luncurkan angkutan perbatasan yang menghubungkan Banyumas dan Purbalingga, dan akan dilakukan kajian lebih lanjut mengenai hal itu,” ucapnya,.
Sangat Jelas manfaat yang didapat dengan dibangunnya Jembatan Linggamas ini. 
Saat ini pembangunan Jembatan Linggamas telah selesai dikerjakan. Namun masih ada beberapa hal yang perlu diselesaikan sehingga untuk sementara baru Kendaraa-kendaraan kecil yang diijinkan melintas dan sementara kendaraan roda empat atau yang bertonase berat belum diperbolehkan melintas.